Atur Pambagyoharjo /Shohibul Hajah Penganten Bahasa jawa

Atur pambagyoharjo atau sambutan tuan rumah (shohibul hajah) merupakan salah satu diantara susunan acara dalam rangakaian resepsi pernik... thumbnail 1 summary

Atur pambagyoharjo atau sambutan tuan rumah (shohibul hajah) merupakan salah satu diantara susunan acara dalam rangakaian resepsi pernikahan (walimatul 'urs).


Ada banyak macam fariasi dalam penyampaiannya, berikut akan saya posting salah satu contoh teks atur pambagyoharjo dalam bahasa jawa :



السلام عليكم ورحمة لله وبركاته 

الحمد لله رب العالمين، الصلاة والسلام على اشرف المرسلين سيدنا ومولنا محمد وعلى اله واصحابه اجمعين (امابعد)

قال الله تعالى فى كتابه الكريم, اعوذ بالله من الشيطان الرجيم,  بسم الله الرحمن الرحيم : وعاشروا هن بالمعروف : الاية



Dumateng pangarsanipun para alim ulama’, para kyai, langkung-langkung dumateng panjenenganipun Bpk KH … ingkang kito muyakaken
Para sesepuh, pinisepuh ingkang kawulo hormati.
Poro tamu undangan kakung soho putri ingkang kawulo hormati, Bpk Kepala Desa soho perangkatipun ingkang kawulo hormati
Pengombyong penganten putra/putri saking …
Ingkang kito hormati ugi
Langkung rumiyin kito muji syukur dumateng Allah SWT ingkang tansah paring pinten-pinten nikmat, taufik soho hidayahipun hinggo ing siang punika kito waget pepanggihan kanti wilujeng.


Solawat soho salam tansah kunjuh dumateng junjungan kito, nabi agung Muhammad SAW. Ingkang tansah kito ajeng-ajeng syafaatipun wiwit dunyo ngantos dumugi akhirat, Amin…
Minangkani pamundutipun pambagyo adicoro, kawulo ing mriki minongko sulih sariranipun bapak … tiyang skaliyan (skeluarga), awit saking bombonging manah, pramilo bapak … mboten waget matur piyambak amakilaken dumateng kawulo, saperlu nglahiraken suraos isining batos, sambet kaliyan adicoro ing siang puniko,
1.      Adicoro ingkang sepisan kawulo angaturaken sugeng rawuh soho matur nuwun dumateng poro bapak soho ibu ingkang sampun kerso nglodangaken wekdal saperlu ijabatu dakwa (إجابة الدعوة) nuhoni punopo ingkang dados pamundutipun bapak … sepisan malih ngaturaken matur nuwun.
Wondenten wigatosipun pahargyan ing enjang/siang/sonten punika inggih daupipun nak mas bagus … putro kakungipun bapak … daup kaliyan jeng roro … putro putrinipun bapak … ingkang nembe pun aqidahaken kolo wau tabuh … saking petugas KUA kec …
Kanti rawuhipun bapak ibu, bapak … tansah nyadong doa restu panjenengan sedoyo mugi pernikahan pinanganten sarimbit tansah manggihaken kemanfaatan, keberkahan tuwin kemaslahatan wiwit wonten dunyo ngantos dumugi akhirat, Allahumma Amin…
2.      Adicoro ingkang ongko kalih
Bapak … tiyang sekaliyan angaturaken agunging panuwun atas sedoyo bantuan sanak kadang tanggi tepalih umumipun sedoyo masyarakat (kalisari) ingkang arupi tenogo, bondo tuwin eguh pratikel murih rancaking pahargyan ing dinten punika mugi-mugi sedoyo amalipun dipun tampi saking ngerso dalem Allah SWT. Lan bapak … mboten waget bales punapa-punapa namung ngaturaken ucapan جزاكم الله احسن  الجزاء Allahumma Amin…
3.      Majlis walimatul ars ingkang kawulo mulyakaken, adicoro ingkang ongko tigo,
Bilih pahargyan dangu karantam namung ngelenggono bilih bapak … namung titah sawantah, temtu kathah kekirangan, kekhilafan ingkang dadosaken kuciwo tuwin kirang renaning penggalih, pramilo sedoyo kekirangan sae ingkang arupi papan pasugatan soho samudayaningipun bapak … nyuwun agunging pangaksami.
Mekaten menggah pamatur kawulo pinongka sohibul hajah
Lan saking pribadi kawulo mbok bilih anggenipun matur kirang trapsilo lan kirang nuju prono kulo nyuwun pangapunten ingkang kathah. 
Wasono kulo akhiri


بالله توفق والهداية والرضى والإناية 

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاتة

5 comments